Belajar Ikhlas marang wong koyo Samin...supoyo tetep bahagia
*Parjo* : Kang, sampeyan ngenehi duit Joyo? *Samin* : Iyo. *Parjo* : Sampeyan diapusi... Joyo kuwi sugih. *Samin* : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gustine Joyo. ================== *Parjo* : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran? *Samin* : Ilang. *Parjo* : Ora mbok golek'i ... sopo sing nyolong? *Samin* : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan. =================== *Parjo* : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo. *Samin* : Ben wae. *Parjo* : Sampeyan ora nesu *Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu. ================= *Parjo* : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo. *Samin* : Wes ben. *Parjo* : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti? *Samin* : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo. ================== *Parjo* : Kang, wes mangan? *Samin* : Durung. *Parjo* : Mreneo tak wenehi duit. *Samin* : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit. ================= *Parjo* : Kang, tanduranmu rusak dipangan w